Nguri-uri Kabudayan Tanah Jawi, Carita Ramayana lan Mahabharata (Versi Bahasa Jawa)

a) Pengertian cerita wayang

Miturut para ahli budaya ugi panemunipun para ahli arkeologi ingkang wonten ing Negari Indonesia, kesenian ringgit punika estunipun sampun wonten wiwit rumiyin, rikala taksih jaman kina, inggih punika jaman saderengipun wonten agama Hindu-Budha. Ing jaman punika ingkang dipunwastani ringgit sampun wonten ing Negari Indonesia. Dados ringgit punika inggih kabudayan asli Negari Indonesia. Wekdal punika , seni ringgit taksih wonten gegayutanipun kaliyan kapitadosan animisme ingkang taksih dipunanut para leluhuring bangsa Indonesia.

b) Sumber cerita wayang

1. Cariyos saking Ramayana

a) Kumbarkarna

b) Ngundhuh wohing pakarti

2. Cariyos saking Mahabharata

a) Wahyu cakraningrat

b) Bale sagalagala 

1. Carita Ramayana

a) Prabu Ramawijaya utawa Prabu Rama ing crita Ramayana dadi paragatamane crita. Prabu Rama jumeneng nata ing nagara Pancawati. Prabu Rama bisa dadi garwane. Dewi Sinta awit menang sayembara Prabu Janaka ing nagara Mantili. Prabu Rama iku, titisane Wisnu lan Dewi Sinta dadi titisane Dewi Laksmi.

b) Bharata minangka anak saka Prabu Dasarata lan Dewi Kaikayi diwulang dening Resi Wasista, nalika wis mulih nang kraton terus dijumenengake dadi raja Astina awit dewi Kaikayi nagih janji “gelem dirabeni ananging mbesuke sing dadi ratu kudu saka anak turune”, amarga iki Rama, Sinta lan Laksmana kudu lunga saka kraton. Bharata rabi karo Dewi Mandawi duwe anak Taksa lan Puskala.

c) Dewi Sinta putra saka Prabu Janaka, sakwise dewasa Prabu Janaka nganakake sayembara lan dimenangake dening Rama, sakwise digarwa melu Rama mlebu alas, lan ing kana Sinta dibradhat dening Prabu Rahwana. Nalika ing Alengka, Dewi Sinta diopeni dening Trijatha.

d) Laksmana iku putra Parbu Dasarata lan Dewi Sumitra, lan duwe kembaran kanga ran Satrugna. Laksmana lan Rama iku sanajan beda ibu nanging raket banget katresnane. Nalika Rama lan Sinta ninggal kraton, Laksmana uga melu mlebu alas. Pocaban uriping alas diwiwiti nalika Marica, abdine Rahwana malih rupa dadi Kidang Kencana. Sinta pengen nduweni kidang iku, trus Rama mbedag kidang mau ninggal Sinta lan Laksmana. Ora sawetara suwe Laksmana lan Sinta krungu panjerite Rama, ananging

e) kui sejatine panjerite Marica kanggo njebak Laksmana lan Sinta. Sinta akon Laksmana nulungi Rama, sakdurunge lunga Laksmana gawe garis lan weling supaya Sinta ora metu saka garis iku. Nalika Laksmana lunga Rahwana teka memba-memba brahmana teka mara njaluk sedhekah, Sinta ora sujana terus menehi sedhekah lan tangane metu saka garis, nalika tangane metu saka garis saknalika disaut dening Rahwana lan digawa menyang Alengka.

f) Rama lan Laksmana terus nggoleki Sinta, lan diwenehi ngerti dening Jatayu. Rama lan Laksmana terus nemoni Subali lan Sugriwa ing Gunung Suwela. Ing kene Laksmana tansah mbantu Rama saka wiwitan nganti pungkasaning perang gedhe.

g) Rahwana iku ratu ing Alengka, nalika muja Wisnu lan Brahma Rahwana njaluk kasekten iso ngalahake dewa, ratu kang kawentar duwe sipat sumongah sesongaran, wengis lan kejem, licik adigang, adigung lan adiguna, sarta srakah. Rahwana iki wis duwe garwa nanging isih kepengen nggarwa Sinta awit pengen duwe garwa sing titisane Dewi Laksmi. Tumindake Rahwana iki kang njalari ana perang gedhe antarane wadya wanara lan wadya Alengka.

h) Gunawan Wibisono iku anake Bagawan Wisrawa lan Dewi Sukesi. Wibisono duwe sipat demen prihatin, nalika muja lan manembah Wisnu lan Brahma, Wibisono njaluk bisa mlaku ing dalan bener lan ngayahi kuwajiban marang Negara lan kawicaksanan. Wibisono melu wadyane Rama awit Rahwana ora gelem menehake Sinta marang Rama maneh. Ing pungkasaning perang Gunawan Wibisono dadi ratu ing Alengka ngganti Rahwana, sakdurunge jumeneng nata Wibisono diwulang Astabrata dening Rama supaya bisa dadi ratu kanga gung.

 2. Carita Mahabharata

a) Pandhu Dewanata iki putrane Bhagawan Abiyasa, lan Pandu iso jumeneng nata ing Hastinapura awit kadang tuwane wuta. Pandu karma karo Dewi Kunthi lan Dewi Madrim, ananging Pandu ora kagungan putra awit kena sote saka dewa Siwa. Dhisik nalika mbebedag Pandu manah kidang malihane Dewa Siwa karo Dewi Uma, sakdurunge seda Dewa Siwa ngipat-ipati yen mbesuke Pandu mati nalika sacumbana. Awit kui Pandu ora bisa sacumbana. Anak-anake Pandu lair amarga Dewi kunthi duwe aji-aji ngaturi dewa lan njaluk anak. Saka aji-aji mau Pandu Duwe anak lima kang sinebut Pandawa.Nalika Pandu surut, Pandawa isih cilik-cilik lan during pantes dadi ratu. Ratune digenti sawetara dening Destarastra.

b) Yudhistira, ratu ing Hastinapura iki pambarepe Pandawa, putra Pandu lan dewi Kunthi, lan turunane Dewa Dharma. Yudhistira duwe sipat teguh ing sajrone paprangan, sabra lan jujur, suci. Paraga iki nduweni getih putih lan tau gawe cilik atine Resi Drona nalika piyambake ngendika “Aswatama mati”, ing kene kamangka sing mati kui gajah dudu putrane Resi Drona.

c) Bima utawa Bhimasena utawa Werkudara, iki putrane Pandu lan dewi Kunthi lan turune Dewa Bayu. Bima duwe sipat kasar, mrebawani, lan rosa. Sipat liyane yaiku lugu, jujur, prasaja, tan wedhi bebaya ananging Bima uga duwe sipat ati kang alus lan seneng tetulung, setya marang bebener. Bima duwe anak cacah telu, yaiku Antareja, Antasena, lan Gathutkaca. Ing lakon Dewaruci, Bima kasil ngruwat sukerta lan kasil ketemu karo sejatineng Urip.

d) Arjuna, paraga panengahing Pandawa iki putrane Pandu lan Dewi Kunthi, turunane Dewa Indra. Arjuna duwe sipat gentur tapa brata, tansah asih, demen tetulung, mancalaputra mancala putri sekti tanpa aji-aji, nglurug tanpa bala, satriya socaning bathara, lan Arjuna seneng ngangsu kawruh marang resi lan bhagawan kang sekti. Arjuna dadi muride Resi Drona, Bhagawan Padmanaba. Arjuna iku paraga kang cerak karo Prabu Kresna awit pada-pada titisane Wisnu, contone ing Lakon Rama Nitik lan Rama Nitis. Ing Perang Bharatayuda Kresna paring wulangan marang Arjuna kang wujud Bhagawatgitta, wulangan suci iki diwulangake nalika Arjuna nglokro amarga ora tega mungsuh karo guru lan sanak kadange dhewe sing kudu diajeni, ananging ing wulangan kui Arjuna dipituturi babagan darmane satriya kang mbelani bebener. Ing perang Bharatayuda Arjuna mungsuh Karna kang sejatine kadang tuwane dhewe.

e) Nakula lan Sadewa iku putra kembare Pandu lan Dewi Madrim, turunane dewa kembar Aswin. Miturut Kitab Mahabharata Nakula (Sadewa) iku sing paling nggantheng. Kekarone paling pinter lan prigel ing olah gegaman. Nakula Sadewa duwe sipat tansah njaga karahayunaning nagara.

f) Abimanyu iku satriya putrane Arjuna lan dewi Wara Sembadra, satriya kang dadi calon jumeneng nata ing Ngastina, ananging seda nalika mungsuh eyange dhewe, yaiku Resi Bhisma. Abimanyu duwe garwa Dewi Utari (putane Raja Wirata) lan peputra Parikesit kang ing tembe mbesuke jumeneng nata ing Ngastina. Abimnayu duwe sipat Getapan ngajrihaken, sentosa ing tekad, lan alus budi.

g) Destarastra iku ratu ing Ngastina, iku putrane Wicitrawirya, lan turunane Resi Byasa. Destarastra wuta wiwit lair awit nalika ritual putropadana, Dewi Ambika merem keweden awit weruh Resi Byasa. Amarga wuta iki kalenggahan ratu diwenehake marang Pandu, nanging nalika Pandu seda, kalenggahan ratu dipasrahake maneh marang Destarastra. Destarastra nkah karo Dewi Gandari ( saka nagara Gandhara) lan peputra cacah 100 kang jejuluk Sata Korawa.

 c)  Tokoh tokoh cerita wayang

a) Carita Ramayana

1. Prabu Ramawijaya

2. Bharata

3. Sita/Sinta

4. Laksmana

5. Rahwana

6. Prabu Gunawan Wibosono

b) Carita Mahabharata

1. Pandu Dewanata

2. Yudhistira/Puntadewa

3. Bima /Werkudara

4. Arjuna

5. Nakula lan Sadewa

6. Abimanyu

7. Destarastra

 d) Tema-Tema Cerita wayang

1. Prabu Duryudana,

2. Patih Harya Sengkuni,

3. Resi Drona,

4. Prabu Karna

e) Alur cerita wayang

1. Lakon Sumantri Ngenger

2. Lakon Kumbakarna

f) Latar cerita wayang

1. Medan perang

2. Medan perang

g) ajaran moral cerita wayang

a) Lakon Sumantri Ngenger

1. Guna, yaiku dadi satriya iku kudu ngugemi trah satriya yaiku bisa ngadhepi bebaya lan unggul ing samubarang prakara

2. Kaya, yaiku samubarang prakara kang diadhepi kudu kasil kanthi apik

3. Purun, yaiku gelem ngupaya samubarang kang wis dadi titah ratune, sanajan kudu dibelani pati. Tuladha tuntunan lan tatanan liyane ing lakon Sumantri Ngenger digambarake ing pungkasan Sumantri getun awit mateni adhine dhewe amarga isin ngakoni duwe adhi raseksa, Sumantri isin amarga dheweke duwe pangkat ing nagara iku. Marga iku dadi manungsa ing donya iku kudu mikir luwih dhisik sakdurunge tumindhak.

b) Lakon Kumbakarna

1. Ngugemi watak satriya

2. Jujur, seneng marang bebener

3. Panggah mbelani nagara Watak-watak iki dadi tuntunan lan tatanan kang apik kanggo warganing nagara, ing kene Kumbakarna wani marang kakange kang tumindhak ora bener kanthi cara akon mbalekake Sinta marang Rama, Kumbakarna wani akon sanajan iku karo retune dhewe amarga retune tumindhak ora bener. Sanajan Ratune Alengka iku salah ananging Kumbakarna tetep maju perang dadi senopati amarga mbelani negarane kang diluruk dening wadyabala wanara, Kumbakarna maju mbelani Negara dudu mbelani angkara murka.

Sumber

Saking Dalang Ingkang Sepuh ingkang asmanipun rahasia

Next Post Previous Post
No Comment
Add Comment
comment url